mBah Darmo wong tuo sing rodo edan

mBah Darmo wong tuo sing rodo edan

Badhe mundhut punapa mBah ? mBah Darmo kaget diundang simbah karo penjogo warung. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.


Wayah wengi udan gerimis, mBah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sa'rehne kente'an susu, mBah Darmo menyang warung golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining warung kelontong, mBah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga...

Penjogo:
Badhe mundhut punapa mBah ?

mBah Darmo kaget diundang simbah karo penjogo warung. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune.

Menawi Susu Bubuk wonten mboten mBokdhe ?

Sing jogo kaget banget diundang mBokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang mBah Darmo :

Penjogo:
Loh kok diundang mBokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh mBah! Kok sakpenake dhewe diundang mBokdhe. Umurku lagi selikur mBah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

mBah Darmo:
Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simBah? Umurku lagi seket je, kok diundang simBah ?

Penjogo:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adi kulo nikah umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simBah, dadi ampun protes rumangsa enom terus !

mBah Darmo:
Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang mBokdhe ! Wong rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh ! injih mboten ???

Kanca-kancane Penjogo warung ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone mBah Darmo. Kepeksa Si Penjogo warung ora sido ngundang simBah marang mBah Darmo. Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone.

Source :
http://duniashinichi.blogspot.com/
*  
Previous
This Is The Oldest Page
Google
Klik untuk buka komentar sesuai akun Anda

No comments

Komentar anda sangat berguna untuk meningkatkan penulisan artikel